Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.
Tema laporan ing dhuwur yaiku ….
A. banjir ing mangsa rendheng
B. panas ing mangsa ketiga
C. lelara ing mangsa rendheng.
D. hama tikus wayah panen
Jawaban:
Sabrang arane godhong lombok, dene pupus arane godhong ….
A. gedhang
B. klapa
C. asem
D. kacang
Jawaban:
Ing ukara iki sing guru wilangane ana 12 yaiku ….
A. sapa jujur mbesuke bakal luhur
B. mbangun turut marang wong tuwa
C. wis wajibe si murid sregep sinau
D. saben dina rama lan ibu kang njaga
Jawaban:
Bapak Pucung,
Wujude mlungker kaya kalung
Tangan papanira
Nuduhake rina wengi
Lamun mati bingung wektu sang bendara
Tembang Pucung kasebut keperang ana … gatra.
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
Jawaban:
Ing daerah pedesaan kang subur makmur,ayem tentrem, lan kerta …
Tembung kerta ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung….
A. prasaja
B. susah
C. raharja
D. rahayu
Jawaban:
Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.
Ukara tanggapan sing cocok kanggo perkara kasebut yaiku ….
A. para warga mesti nyawisake obat lelara
B. kudu njaga kasehatan ing mangsa udan
C. dokter bakal seneng entuk pasien akeh
D. becike nggawe bendhungan sing amba
Jawaban:
Dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ngon-ingone Sang Bupati
Prapteng marga
Si pucung lembehan grana
Bedekan tembang pucung kasebut yaiku ….
A. pentol korek
B. rokok
C. gajah
D. sepur
Jawaban:
Sepet-sepet, sawone mentah
Diempet-empet, selak ora ….
Ukara kang trep kanggo jangkepi parikan kasebut yaiku ….
A. bungah
B. munggah
C. susah
D. betah
Jawaban:
Anak wedhus jenenge cempe, yen bledug jenenge anak kewan ….
A. kebo
B. jaran
C. gajah
D. sapi
Jawaban:
Sagimin kuwi pancen bocah sing gedhe endhase, mulane ora kena dikandhani.
Tembung gedhe endhase ndhuweni teges ….
A. mangkel
B. sombong
C. bingung
D. gela
Jawaban:
Kembang jagung arane sinuwun, dene kembang suruh arane ….
A. menik
B. drenges
C. besengut
D. mayang
Jawaban:
Wartini mboten sumerep yen Bu guru sampun rawuh. Basa ngokone sumerep yaiku ….
A. seneng
B. ngerti
C. teka
D. weruh
Jawaban:
Budhe ngasta dolanan kanggo adhik.Wasesane ukara kasebut yaiku ….
A. budhe
B. ngasta
C. dolanan
D. kanggo adhik
Jawaban:
Cacahe tembang kuwi kaperang dadi telu, ana tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang gedhe
Tembang cilik padha karo tembang macapat sing cacahe ana …. A. sanga
B. sedasa
C. sewelas
D. kaleh welas
Jawaban:
Rini kae pancen pikirane landhep dhengkul, saben ulangan akeh salahe.
Tembung entare landhep dhengkul yaiku ….
A. sedhengan pinter
B. pinter banget
C. kendho
D. bodho banget
Jawaban:
Pemadi tuku gula rong kilo. Basa kramane sing bener yaiku ….
A. Permadi tumbas gula rong kilo
B. Permadi tumbas gendhis kaleh kilo
C. Permadi tumbas gendhis rong kilo
D. Permadi tuku gula kaleh kilo
Jawaban:
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa lima. Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa, kang duwe watak ambek darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa nefsu. Sing nomer loro arane Raden Werkudara utawa Bima. Pawakane gedhe dhuwur tur gagah prakosa. Kang nomer telu utawa panengahe Pandhawa jenenge Raden Janaka kondhang baguse, prigel lan trampil manah. Dene Nakula lan Sadewa mujudage satriya kembar wuragile Pandhawa.
Satriya sing pinter manah, baguse sing kondhang lan prigel kuwi nduweni paring asma ….
A. Janaka
B. Bima
C. Yudistira
D. Sadewa
Jawaban:
Nagara Indonesia kagolong subur makmur,gemah ripah loh jinawi, guyub rukun yen padha lagi tandhang gawe lan ayem …. kauripane kabeh.
Tembung sing trep kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ….
Latihan Soal Online adalah website yang berisi tentang latihan soal mulai dari soal SD / MI Sederajat, SMP / MTs sederajat, SMA / MA Sederajat hingga umum. Website ini hadir dalam rangka ikut berpartisipasi dalam misi mencerdaskan manusia Indonesia.