Latihan Soal Online

Krama Inggil - Bahasa Jawa SMA Kelas 10

Latihan soal pilihan ganda Krama Inggil - Bahasa Jawa SMA Kelas 10 dan kunci jawaban.


Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.

Basa kang digunakake yaiku …

A. Ngoko lugu

B. Ngoko andhap

C. Krama inggil

D. Krama


Jawaban:

“Nok, yen mengko Pak Lurah wis ……, diaturi …. sik ya!”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ….

A. teka – lungguh

B. sowan – pinarak

C. sowan – lenggah

D. rawuh – pinarak

E. teka – pinarak


Jawaban:

Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’

Nana : “Saking ……… budhe Siti Mbah.”

Simbah : “Masmu Joko ana neng ……. ora?”

Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ……… Mas Doni.”

Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika …..

A. griyanipun – omah – daleme

B. griyane – griya – omahipun

C. dalemipun – griya – griyane

D. dalemipun – omah – griyane

E. griyanipun – omah – omahe


Jawaban:

Ginemanipun wayah (putu) dhateng eyangipun kedah ngginaaken basa ….

A. krama alus

B. krama lugu

C. ngoko lugu

D. ngoko alus


Jawaban:

Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…

A. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”

B. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”

C. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”

D. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”

E. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”


Jawaban:

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!

(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)

Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”

Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”

Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”

Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”

Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”

Bagas : “Inggih, Bu!”

Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku….
A. Ngoko Lugu

B. Ngoko alus

C. Krama Alus

D. Krama lugu


Jawaban:

Gatekna pranyatan ing andhap iki!

1. Kita kedah nebihi dhaharan legi amergi mboten sae kagem kasarasan waja kita.

2. Waja kita kedah disikat kaping kaleh sedinten utawi sawising dhahar.

3. Kita kedah ngerawat waja kita piyambak.

4. Waja kita kedah dipriksa saben 6 sasi sepisan

Pranyatan ing inggil kang kalebu ukara tanggap inggih menika ukara nomer…?

A. 3 lan 4

B. 1 lan 3 

C. 2 lan 4

D. 1 lan 2


Jawaban:

Ingkang ngginakaken basa ngoko, inggih menika ….

A. lare enem dhateng tiyang sepuh ingkang sampun rumaket

B. lare enem dhateng tiyang sepuhipun

C. nalika tiyang enem mertamu

D. tiyang sepuh dhateng lare enem

E. nalika pikantuk pitepangan enggal


Jawaban:

Bapak lagi ………….. karo ibu ana ngisor wit jambu.

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika …..

A. omong-omongan

B. ngendikan

C. crita

D. matur

E. mundhut pirsa


Jawaban:

Andharan menika ingkang boten kalebet undha-usuking basa Jawi, inggih menika …..

A. basa ngoko

B. basa krama

C. basa krama inggil

D. basa krama alus

E. basa ngoko alus


Jawaban:

Bapak ………. adhiku dhuwit 20 ewu.

tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika …..

A. menehi

B. nyaosi

C. maringi

D. ngaturi

E. nyuwun


Jawaban:

Bapak ora sida ……….. amarga sukune aboh.

tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika …..

A. menyang

B. mlampah

C. mlaku

D. tindak

E. mangkat


Jawaban:

Krama Inggil mangan :

A. nedha

B. dhahar

C. mangan

D. nguntal


Jawaban:

Krama lugu Aku :

A. Kulo

B. Aku

C. ingson

D. beta


Jawaban:

Tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama kasebat ….

A. dwi lingga

B. dwi sastra

C. unggah ungguh

D. krama madya


Jawaban:

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ……………. sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ….

A. wangsul

B. kondur

C. tindak

D. kesah

E. bali


Jawaban:

Pak Camat : “Pak Heru, undangan kanggo Pak Lurah wis diparingke?”

Pak Heru : “Dereng Pak. Menika nengga …………… panjenengan”.

Pak Camat : “Kok durung?”

Pak Heru : “Bibar menika ajeng kula ….. Pak.”

Supados ukaranipun leres, tetembungan ingkang sae kangge njangkepi, inggih menika….

A. tanda-tangan; paringaken

B. tapak-asta; paringaken

C. tapak-asma; aturaken

D. tanda-tangan; wenehke

E. tapak-asma; caosaken


Jawaban:

Materi Latihan Soal Lainnya:



Tentang LatihanSoalOnline.com

Latihan Soal Online adalah website yang berisi tentang latihan soal mulai dari soal SD / MI Sederajat, SMP / MTs sederajat, SMA / MA Sederajat hingga umum. Website ini hadir dalam rangka ikut berpartisipasi dalam misi mencerdaskan manusia Indonesia.