Latihan Soal Online

UAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10

Latihan 20 soal pilihan ganda UAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 dan kunci jawaban.


Preview 10 soal pertama:

TEGAL – Bocah enom sing arané Hasyim seka Désa Kabukan, Kecamatan Tarub, Kabupatén Tegal nduweé kisah inspiratif. Bocah enom 31 taun kiyé suksés njalakna bisnis meresi susu kambing etawa, senajan dhéwéké tunarungu. Maring PanturaPost, Hasyim nyritakna kepibén nglakokna bisnisné. Dhéwéké ngungkapna, usaha kuwé wis dirintis sajegé taun 2015. Wektu kuwé, dhéwéké mung nduwéni wedhus enem. Nganti akhiré saiki wedhusé wis dadi puluhan.

“Saiki wis nduwéni 52 wedhus Peranakan Etawa yakuwé 1 wedhus lanang lan 51 wedhus wadon,” ungkapé maring PanturaPost nang umahé, dina Rebo (19/10/2022). Nggo ngampangna komunikasi, wawancarané nganggo bahasa isyarat lan nganggo alat bantu.

Anak kelima seka pasangan Mustofa lan Khoimah kiyé ngaku sadina produksi susu wedhusé rata-rata bisa nganti 40 liter. Hasil susu wedhus kiyé dikirim nggal minggu maring Yogyakarta nggo didadékna susu bubuk wedhus.

“Yén sing dikirim maring Yogyakarta rega sa literé didol Rp 24 éwu. Tapi nggo wong-wong kéné didol Rp 19 éwu sa liter,” jaréné.

Wektu ngelola usahané, Hasyim diréwangi daning wong siji sing tugasé meresi susu. Meresé sadina ping pindo. Yakuwé ésuk lan soré.

“Sadinané wedhusé diwéin panganan suket lan ampas tahu sadina ping telu, ampas tahu fungsiné ébén produksi susuné tambah akéh,” jaré Hasyim.

Waktu ditakonu omzet rata-rata sadinané Hasyim ngungkapna, sadinané dhéwéké bisa ngesaki duwit Rp 760 éwu. Nggo biaya operasional sadinané sekitar Rp 200 éwu.

Mustofa bapa kandungé Hasyim nyritakna, senajan anaké nduwéni kekurangan, tapi cerdas nemen lan nggawé bangga.

“Pertama pisan nyong maraih usaha kiyé, nyong ngaseng maring salah siji peternak wedhus nang Pagongan Tegal. Mung sapisan Hasyim ngileng dhéwéké langsung paham lan nyong tukuna wedhus enem,” ungkapé Mustofa.

Mustofa ngrasa syukur nemen anaké bisa suksés njalakna usaha kiyé. Dhéwéké ngarep-arep, apa sing dilakoni anaké bisa mékena manfaat maring lingkungan sekitar. Kaya mbuka peluang lapangan kerja nggo masarakat. (*)

Sapa bocah enom sing dicritake iku mau…

A. Hasna

B. Hasyim

C. Hasan

D. Husen


Jawaban:


Langite awan iki petheng dhedet, nganti ora katon apa sing tak sawang.

Tembung Peteng Dhedet, diarani Tembung….

A. sanepa

B. saroja

C. entar

D. purwakanthi


Jawaban:


Wayang sing kagawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan/lembaran, kaaran…

A. Wayang Beber

B. Wayang Klithik

C. Wayang Golek

D. Wayang Purwa


Jawaban:


Nalika aku arep budhal sekolah liwat pinggir sawah, ana bocah tibo ngglundhung saka sepedha e. Merga ora ana ora sing nulung, bocahe nangis kepiyer nganti raine abang mbranang.

Tembung saroja sing ana ing crita kasebut yaiku….

A. Tibo ngglundhung

B. nangis kepiyer

C. abang mbranang

D. budhal sekolah


Jawaban:


Wayang umume bisa kagawe dadi wujud rong dimensi lan telung dimensi. Dene sing awujud telung dhimensi lumrahe kagawe saka….

A. Suket

B. Kain

C. Walulang

D. Kayu


Jawaban:


Sluman, Slumun, Slamet.

Tembung kasebut diarani tembung purwakanthi…

A. Sastra

B. Swara

C. Lumaksita

D. Entar


Jawaban:


Wujud artikel ana 4, yaiku Artikel praktis, artikel ringan, artikel opini, lan artikel ilmiah.

Artikel praktis yaiku tulisan babagan ketrampilan tinimbang pengembangan kawruh. Asipat naratif, tegese disusun miturut urutan wektu, kedadeyan, lan tahapan utawa langkah.

Tuladha sing kalebu artikel praktis yaiku…

A. Manfaat maca buku.

B. Dampak gawa HP kanggo bocah ing pelajaran.

C. Macem-macem e bocah enom jaman saiki.

D. Carane gawe seblak cuanki.


Jawaban:


Anak barep, barep rejekine.

Ukara kasebut kalebu aneng tembung…

A. Purwakanthi

B. saroja

C. Sanepa

D. Entar


Jawaban:


Awake kuru semangka.

Ukara ing dhuwur, diarani tembung….

A. Purwakanthi

B. Sanepa

C. Saroja

D. Entar


Jawaban:


Ing ngisor iki sing kalebu artikel yaiku ….

A. gegutritan

B. aksara jawa

C. koran

D. instagram


Jawaban: