
Latihan Soal PTS Bahasa Jawa Semester 2 Genap SD Kelas 6
Preview:
Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” kang ateges bal bunder banjur dadi global sing tegese . . . .
A. donya
B. mendunia
C. ing donya
D. kabeh
Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku …
_
A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Ing ngisor iki sing kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato yaiku . . . .
A. dudutan
B. puji syukur
C. salam pambuka
D. pakurmatan
Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku …
A. HUT RT
B. Persami
C. Ulangan Harian
D. Perpisahan
Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.
Palastra padha tegese karo …
_
A. Semaput
B. lunga
C. mati
D. ilang
Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi . . . .
A. enem
B. papat
C. telu
D. lima
Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku . . . .
A. majune teknologi
B. masyarakat tansaya maju
C. lunture rasa nasionalisme
D. anane pasar global
Sing klebu cangkriman plesetan yaiku . . . .
A. bocor malah enak
B. adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati
C. segara beldhes
D. sega sakepel dirubung tinggi
Bosok malah enak, batangane . . . .
A. telo
B. gedhang
C. tape
D. gethuk
Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe . . . .
A. ukara
B. dudutan
C. cengkoroan
D. gagasan baku
Yen arep pidhato, becike gawe . . . .
A. cengkorongan
B. gagasan baku
C. naskah pidhato
D. struktur teks pidhato
bapak pucung, tanpa untu darbe siung
badan ira panjang
tutuk ira panpesagi
dina-dina si pucung mangan buntut ira
batangane tembang pucung ing ndhuwur yaiku . . . .
A. tasbih
B. ali-ali
C. sabuk
D. gelang
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ……. pidhato.
A. pambuka
B. panutup
C. Isi
D. dudutan
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku …
A. Nalika bapak adus, aku mangan
B. Nalika bapak siram, aku mangan
C. Nalika bapak adus, aku dhahar
D. Nalika bapak siram, aku dhahar
Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku …
_
A. Joko Seger
B. Roro Anteng
C. Joko Seger lan Rara Anteng
D. Gunung Lejar
Wong bungah sok nemu …
A. Sengsara
B. rekasa
C. cilaka
D. susah
Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani . . . .
A. cangkriman
B. paribasan
C. geguritan
D. saloka
burnas kopen kalebu cangkriman . . . .
A. awujud pepindhan
B. sinawung ing tembang
C. awujud blenderan
D. awujud wancahan
bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngon-ingone sang bupati
yen lumampah, si pucung lembehan grana
batangane tembang ing dhuwur yaiku ….
A. gajah
B. sepur
C. macan
D. sepeda
Tentang LatihanSoalOnline.com
Latihan Soal Online adalah website yang berisi tentang latihan soal mulai dari soal SD / MI Sederajat, SMP / MTs sederajat, SMA / MA Sederajat hingga umum. Website ini hadir dalam rangka ikut berpartisipasi dalam misi mencerdaskan manusia Indonesia.