
Drama Modern - Bahasa Jawa SMP Kelas 9
Latihan soal pilihan ganda Drama Modern - Bahasa Jawa SMP Kelas 9 dan kunci jawaban.
Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune.
ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah
Rudi.
Ibu : Le… tangi le! (karo ngoyak-ngoyak rudi)
Rudi : Ibu… (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar
tiyang buk.
Ibu : Dibakar apa ta le? wong awit mau awakmu turu wae
ngono lho.
Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah)
puji Gusti…. (ngrangkul ibune)
Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks
kalebu peranganane….
A. eksposisi
B. klimaks
C. komplikasi
D. ending
Jawaban:
Para paraga diadhepake ing parakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks , kelebu struktur teks drama sing diarani…
A. Komplikasi
B. Koda
C. Resolusi
D. Orientasi
Jawaban:
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ….
A. Tema
B. Alur
C. Latar
D. Amanat
Jawaban:
Pesan moral kang disampekake penulis naskah drama diarani….
A. penutup
B. amanat
C. pesan drama
D. latar
Jawaban:
Paraga kang dadi lakon drama sing nduweni watak ala diarani….
A. antagonis
B. protagonis
C. tritagonis
D. tengah-tengah
Jawaban:
Unsur unsur drama modern dibagi dadi loro yaiku….
A. instrinsik lan ekstrinsik
B. bahasa lan paraga
C. watak lan tema
D. plot lan alur
Jawaban:
Ing ngisor iki kang kelebu drama modern, kajaba….
A. Andhe-Andhe Lumut
B. Preman Pensiun
C. Tukang Ojek Pengkolan
D. Tukang Bubur Naik Haji
Jawaban:
1. Sumber ceritane bebas
2. Ceritane bisa dipukake saka buku-buku babad, roman, dongeng, cerita rakyat
3. Bisa nyeritakake cerita penguripan jaman saiki
Ukara-ukara ing nduwur kuwi kelebu ciri-cirine….
A. Drama tradisional
B. Drama Modern
C. Cerita rakyat
D. Cerita cekak
Jawaban:
Tingkah polahe paraga nalika meragake teks drama diarani ….
A. interpretasi
B. ekspresi
C. olah tubuh
D. olah vokal
Jawaban:
paraga kang dadi sumber crita yaiku….
A. tokoh figuran
B. tokoh pembantu
C. tokoh utama
D. tokoh kunci
Jawaban:
Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ……
A. epilog
B. monolog
C. dhialog
D. prolog
Jawaban:
Sudra: Menawi ngaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau.
Mbah Surantani: Iya Le, pancen bener sing mbokkandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku padha wis kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku ngono wae supaya ora ngrepoti sapa-sapa. Lha…jebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya Le Mbahe ki? Matur nuwun saka pitulunganmu, aku ora durung bisa mbales kebecikanmu…, Muga-muga Gusti Allah ingkang mbales ya, Le?
Pethikan teks drama rupa dhialoge Sudra ing dhuwur migunakake basa….
A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. ngoko alus
D. krama alus
Jawaban:
Wacanen pethikan pacelathon iki!
Rini : Bu, punapa enjing punika ibu tindak dhateng peken/pasar?
Ibu : Ya, mesthine ta, Rin. Janganan sing ana kulkas ya wis entek. Bik Sumi sing gawene ngiderke blanjane, dinane iki wis pamit yen ora dodol.
Rini : Nuwun sewu nggih, kula nyuwun ditumbasaken bubur campur, nggih.
Ibu : Iya, mengko daktukokake.
Latar wektu saka pethikan pacelathon kasebut yaiku …
A. Ing pasar
B. Bakul blanja
C. Nalika sarapan
D. Wayah esuk
Jawaban:
bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.
ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja. (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)
saka pacelathon kasebut, settinge ana ing…
A. omah
B. warung
C. rumah makan
D. meja makan
Jawaban:
Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!
Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.
Latar jroning pethilan cerita ing nduwur yaiku ing….
A. Panggonan sampah
B. omahe Ria
C. embong
D. taman
Jawaban:
kedadeyan kang isine ngenani masalah masalah kang diadepi paraga diarani….
A. konflik
B. crita
C. anti konflik
D. klimaks
Jawaban:
Drama asale saka tembung
A. Dramer
B. Dramoi
C. Draman
D. Drams
Jawaban:
Wong sing tugase mimpin lan ngatur lumakune drama yaiku….
A. Actor
B. Figuran
C. narator
D. sutradara
Jawaban:
Orientasi yaiku sawijining struktur teks drama kang duwe teges ..
A. Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks
B. Para paraga di kenalake watake, uga dhapuke ing drama
C. Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrumpangake prakarane (pelarian)
D. Pesen utawa nilai-nilai moral kang di sampekake marang pamiarsa
Jawaban:
Pacelathon kang kudu diucapake para paraga diarani….
A. Tema
B. Paraga
C. Alur
D. Dhialog
Jawaban:
Materi Latihan Soal Lainnya:
- Gerak Pada Makhluk Hidup - IPA SMP Kelas 8
- Tema 2 Seni Budaya SD Kelas 6
- Kuis Bahasa Indonesia Bab 1 SD Kelas 4
- Prakarya dan Kewirausahaan SMA Kelas 10
- Kuis Tema 3 SD Kelas 4
- Penilaian Akhir Tahun Bahasa Indonesia SD Kelas 4
- PPKn SMA Kelas 11
- Bahasa Arab MI Kelas 3 - Surat Al-Maun
- UTS IPS SMP Kelas 8
- Bahasa Inggris SD Kelas 1
Tentang LatihanSoalOnline.com
Latihan Soal Online adalah website yang berisi tentang latihan soal mulai dari soal SD / MI Sederajat, SMP / MTs sederajat, SMA / MA Sederajat hingga umum. Website ini hadir dalam rangka ikut berpartisipasi dalam misi mencerdaskan manusia Indonesia.