Latihan Soal Online

Latihan Soal Online - Latihan Soal SD - Latihan Soal SMP - Latihan Soal SMA | Kategori : Semua Soal



SMA Kelas 10 / UAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10

TEGAL – Bocah enom sing arané Hasyim seka Désa Kabukan, Kecamatan Tarub, Kabupatén Tegal nduweé kisah inspiratif. Bocah enom 31 taun kiyé suksés njalakna bisnis meresi susu kambing etawa, senajan dhéwéké tunarungu. Maring PanturaPost, Hasyim nyritakna kepibén nglakokna bisnisné. Dhéwéké ngungkapna, usaha kuwé wis dirintis sajegé taun 2015. Wektu kuwé, dhéwéké mung nduwéni wedhus enem. Nganti akhiré saiki wedhusé wis dadi puluhan.

“Saiki wis nduwéni 52 wedhus Peranakan Etawa yakuwé 1 wedhus lanang lan 51 wedhus wadon,” ungkapé maring PanturaPost nang umahé, dina Rebo (19/10/2022). Nggo ngampangna komunikasi, wawancarané nganggo bahasa isyarat lan nganggo alat bantu.

Anak kelima seka pasangan Mustofa lan Khoimah kiyé ngaku sadina produksi susu wedhusé rata-rata bisa nganti 40 liter. Hasil susu wedhus kiyé dikirim nggal minggu maring Yogyakarta nggo didadékna susu bubuk wedhus.

“Yén sing dikirim maring Yogyakarta rega sa literé didol Rp 24 éwu. Tapi nggo wong-wong kéné didol Rp 19 éwu sa liter,” jaréné.

Wektu ngelola usahané, Hasyim diréwangi daning wong siji sing tugasé meresi susu. Meresé sadina ping pindo. Yakuwé ésuk lan soré.

“Sadinané wedhusé diwéin panganan suket lan ampas tahu sadina ping telu, ampas tahu fungsiné ébén produksi susuné tambah akéh,” jaré Hasyim.

Waktu ditakonu omzet rata-rata sadinané Hasyim ngungkapna, sadinané dhéwéké bisa ngesaki duwit Rp 760 éwu. Nggo biaya operasional sadinané sekitar Rp 200 éwu.

Mustofa bapa kandungé Hasyim nyritakna, senajan anaké nduwéni kekurangan, tapi cerdas nemen lan nggawé bangga.

“Pertama pisan nyong maraih usaha kiyé, nyong ngaseng maring salah siji peternak wedhus nang Pagongan Tegal. Mung sapisan Hasyim ngileng dhéwéké langsung paham lan nyong tukuna wedhus enem,” ungkapé Mustofa.

Mustofa ngrasa syukur nemen anaké bisa suksés njalakna usaha kiyé. Dhéwéké ngarep-arep, apa sing dilakoni anaké bisa mékena manfaat maring lingkungan sekitar. Kaya mbuka peluang lapangan kerja nggo masarakat. (*)

Sapa bocah enom sing dicritake iku mau…

A. Hasna

B. Hasyim

C. Hasan

D. Husen

Pilih jawaban kamu:
         


Latihan Soal SD Kelas 1Latihan Soal SD Kelas 2Latihan Soal SD Kelas 3Latihan Soal SD Kelas 4Latihan Soal SD Kelas 5Latihan Soal SD Kelas 6Latihan Soal SMP Kelas 7Latihan Soal SMP Kelas 8Latihan Soal SMP Kelas 9Latihan Soal SMA Kelas 10Latihan Soal SMA Kelas 11Latihan Soal SMA Kelas 12

Preview soal lainnya:

IPA Tema 6 Subtema 2 SD Kelas 5 › Lihat soal

Selembar roti diletakkan di bawah sebuah pembakar listrik yang sedang menyala merah untuk membuat roti bakar (pembakar listrik tidak mengenai roti). Kalor berpindah melalui pancaran pembakar listrik dan arus panas yang mengalir dari wadah tersebut. berdasrkan karakteristik tersebut energi panas/kalor berpindah dengan cara?

A. Konduksi

B. Konduksi dan konveksi

C. Konveksi dan radiasi

D. Radiasi saja


Ujian Akhir Semester 1 Ganjil UAS PAI SMA Kelas 11 › Lihat soal

Allah akan memberikan balasan bagi orang yang mau memberi kelapangan tempat kepada orang lain dengan ….
a. pahala yang setimpal
b. melapangkan rezeki
c. melapangkan kuburnya
d. memberi kelapangan untuknya pada hari kiamat
e. melapangkan pekerjaannya


Materi Latihan Soal Lainnya:

Cara Menggunakan : Baca dan cermati soal baik-baik, lalu pilih salah satu jawaban yang kamu anggap benar dengan mengklik / tap pilihan yang tersedia.